Contoh Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Kelas


Perpisahan Kelas Sanga

Assalamu’alaikum Wr. Wb
 Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak / Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencan –rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
 Mangga kita sedaya  ngaturaken puji  syukur  dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita sedaya dumugi sakmenika kita sedaya  saged kempal wonten adicara perpisahan sak menika.
Kula, wakil sangking rencang-rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun engkang sak ageng-agengipun kagem Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah kula lan sak rencang-rencang dhateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten kraos kula lan rencang sebrayat sampun nglampahi ngangsu kawruh wonten ing paiwiyatan mriki wonten ingkang adicara menika, kula kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak/Ibu Guru amergi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula lan sak rencang mbok menawi gadah kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja. Mugi-mugi Bapak/Ibu Guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula lan rencang-rencang.
Satuhunipun kula lan rencang-rencang awrat sangat bade nilaraken pawiyatan menika amergi sedaya sampun kadhos sederek lan kaluwarga. Namung, amergi kula sak rencang-rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kula lan rencang-rencang saged dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
 Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur. Bilih menawi wonten kalepatan kula nyuwun agengin pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

6 comments:

  1. Tolong carikan pidato bahasa jawa yang judulnya perpisajan sekolah,ini buat anak kls 9 smp ujian praktek.yang panjang juga gapapa.
    Tolong ya☺

    ReplyDelete
  2. Tolong carikan pidato bahasa jawa yang judulnya perpisajan sekolah,ini buat anak kls 9 smp ujian praktek.yang panjang juga gapapa.
    Tolong ya☺

    ReplyDelete